BOCAH NGGAWA POT KEMBANG
dening Rusdi Ngarpan Suryapati
Ing jaman biyen, ana sawijining raja tuwa sing ora nduweni anak. Raja iku mikir, " Aku wis banget tuwa. Yen aku mati, sapa sing arep nggenteni aku dadi raja."
Sawise mikir suwe, Raja akhire entuk akal sing cemerlang. Raja ngumumake mring rakyate yen Raja arep milih sawijining anak. Anak iku arep didadekake putra mahkotane. Calon gantine raja.
Cara Raja milih calon raja nyatane gampang. Raja menehi siji winih kembang mring kabeh bocah ing negerine. Winih iku kudu ditandur. Kembange sapa sing paling apik uripe, bocah iku kang bakal kapilih dadi calon raja.
Ana sawijining anak kang jenenge Song Jin. Dheweke uga nggawa mulih siji winih kembang. Dheweke nandur ing njero pot kembang. Saben dina disirami wiji kuwi. Song Jin nduwe pengarep-arep, wiji kembang iku enggal urip lan ngethokake kembang sing endah rupa lan wernane.
Ananging dina-dina candhake ora ana siji wae winih kang urip ing njero pot kembang mau. Song Jin rumangsa bingung atine. Song Jin terus wae njupuk wiji ing pot kembang mau njur dipindah ing pot anyar. Wiji mau ditandur ing lemah lan pot sing anyar. Rong sasi candhake, tekan titi wancine Raja mbiji asil gaweyane bocah-bocah ing negerine. Nanging pot kembange Song Jin tetep wae kothong. Ora ana sing metu saka pot mau.
Dina iku, kabeh bocah ing negeri iku kumpul ing istana. Tangan-tangane bocah padha nggawa pot kembang. Ana sing isine kambang abanag, kuning, putih....Ah, kabeh endah.
Angel kanggo nemtokake kembange sapa sing paling endah. Raja mubeng nonton kembang-kembang sing endah mau. Ning aneg, rupane Raja njengkerut. Ora ana ucapan sing kawetu saka lathine Raja. Raja terus mlaku. Nanging, Raja kaget meruhi Song Jin kang mung nyekeli pot kembang kothong. Song Jin ndhingklukake sirahe. Dheweke kaya sedih banget.
Raja cepet nyedhaki Song Jin. "Nak, kenangapa kowe nyekeli pot kothong?"
Sanalika song Jin nangis lan ngomong, "Kula...Kula sampun nanem wiji kembang ing pot. Saben dinten kula sirami. Ananging wiji menika tetep kemawon mboten gesang. Pramila menika, kula....Kula namung saged mbekta pot kembang sarasan. Mboten wonten kembangipun."
Krungu kuwi Raja ngguyu seru banget. "Ha...ha...ha... Iki anak sing jujur lan cocok dadi raja. Kowe sing kepilih dadi calon raja."
Lho, apa sing wis dumadi? Nyatane kabeh wiji kembang sing dibagi dening Raja wis digoreng sadurunge. Mesthi wae isi kembang ora bisa urip apa maneh nganthi ngembang. Mulane Song Jin ora kasil nandur wiji kembang iku. Dene bocah-bocah liyane wis ora jujur merga wis nggenthi wiji kembang paringane Raja karo wiji kembang liyane.***(Rusdi Ngarpan Suryapati)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar