Jumat, 11 Desember 2009

DASAR CUBLUK
dening KH Abdurrahman Arroisi

Rasane ora ana wong sing luwih bodho tinimbang wong lanang setengah tuwa sing biyasane diundang Cubluk. Undangan iku merga saking bodhone. Ning ora ngrasa yen bodho. Dheweke ora gelem sinau kanggo nambah ilmu. Ora tau gelem ngaji kanggo ngurangi bodhone.

Saking sok miturute mring imam salat jamaah, nalika imam nggaruk sirahe, Pak Cubluk uga nggaruk sirahe. Malah nalika imam watuk merga lagi nandhang pilek, Pak Cubluk uga melu-melu wae.

Nalikane ing mesjid kampunge ketekan tamu muslim saka Ustrali, tamu iku menehi wektu kanggo nyritakake pengalamane mring jamaah masjid. Tamu mau ngomong nganggo basa Inggris sing ora isa dingerteni dening wong-wong ing kana. Kabeh ora ngerti merga gak ana sing njarwakake nganggo basa Jawa. Kabeh mung mbengong wae.

Nanging Pak Cubluk monah-maneh manthuk-manthuk ae sajak ngerti karepe. Jamaah ing sisihe takon.
"Kowe ngerti sing diomongake?"
"Ora." jawabe Pak Cubluk.
"Kok kowe manthuk-manthuk terus?"
"Aku ngantuk." wangsulane entheng ae.
"Semprul. Wong gak nggenah." sambunge wong ing sisihe Pak Cubluk.

Ora ngapa bodho wong dheweke kuwi sugih. Uripe cukup samubarang uga breh. Bojone loro. Sing siji enom tur ayu banget. Jenenge Hasanah. Dene bojone sepisanan gembrot, pesek tur wis tuwa. Jenenge Jamilah, sing artine ayu.

Taun kepungkur Pak Cubluk munggah kaji bareng bojone loro. Merga bodhone, Pak cubluk takon mring ustad.
"Apa sing kudu dakwaca? Aku ora isa maca sing angel-angel."
Ustad nyauri, "Ra sah bingung. Maca ae donga sapu jagad."
Lha kuwi sing dilakoni Pak Cubluk nalika nglakoni thawaf lan sai. Malah saking khusyuke, nganthi thawaf ing pasar seng saperlu blanja uga maca donga sapu jagad sing unine, rabbana atina fiddunya hasanah wafil akhirati hasanah waqina azabannaar.

Ning suwe-suwe bojo tuwane sing jenenge Jamilah muring. Karo njiwit bangkekane sing lanang, Jamilah ngamuk sing lanang.
"Kowe ancene ora kena diuntung. Aku iki bojomu sing njungkir njempalik ngrewangi kowe golek pangan nganthi sugih bandha. Ning mau kok sing mbok sebut-sebut ae Hasanah terus. Bojomu enom sing ayu. Nek aku ora mbok sebut ing dongamu, yen mulih bandhaku dakjupuk, terus pegaten ae."

Pak Cubluk bingung. Raine abang ireng. Dheweke rumangsa salah. Bojone tuwa, Jamilah, pancene sing sugih. Dheweke miung numpang. Mulane dheweke njaluk ngapura. Merga bodhone dheweke ngomong, "Wiwit saiki dongane dakgenti."

Akhire sing munggah kaji bingung krungu dongane Pak Cubluk. Ing ngendi-ngendi dongane dadi, rabbana atina fiddunya hasanah wa fil akhirati jamilah waqina azabannaar.

Dasar cubluk, bodho gak gelem ngaji. Dadine rusak agamane.**(Rusdi Ngarpan Suryapati)
KELEDAI LICIK
dening Sri Suartini

Pak Lipet sawijining sudagar sing adol apa wae. Dheweke nduweni keledai tuwa jenenge Oink. Keledai tuwa iku mesthi nggawa barang dagangane Pak Lipet menyang kutha. Dalan menyang kutha kudune ngliwati gurun pasirlan uga kali. Suwene ing dalan bisa nganthi limalas dina.

Saiki Oink wis tuwa, ringkih lan lara-laranen. Pak Lipet njur tuku keledai siji sing isih enom. Keledai iku luwih sehat lan keker. Jenenge Hiho. Pak Lipet terus nggawa suket seger. Dheweke menehi suket seger akeh mring Hiho. Terus Pak Lipet njupuk suket sithik lan menehake suket iku mring Oink karo ngomong, "Mangan sacukupe. Sebabe sesuk dudu kowe sing arep nggawa beban luwih akeh. nanging keledai nom iku."

Krungu iku, Hiho keledai nom wiwit nggoleki cara supaya ora nggawa barang abot. Ora kenyana Hiho licik. Kanthi trengginas dheweke mangan kabeh suket seger ing ngarepe. Dina esuk candhake Pak Lipet siap-siap lunga ning kutha kaya biyasane. Pak Lipet nuntuk keledai loro iku, nata barang-barang dagangan. Nanging dingerteni Hiho lemes. Keledai nom iku ethok-ethok lara.
"Aneh. Kamangka wingi kowe sehat lan kuwat," ujare Pak Lipet ora percaya.

Akhire Oink nggawa barang dagangan uyah rong karung gedhe. Nanging Hiho nggawa rong karung gedhe isi sandhangan. Najan padha-padha rong karung nanging rong karung uyah luwih abot. Hiho kang licik ngguyu Oink ing njero atine.

Keledai kekarone mlaku iring-iringan. Oink sing wis tuwa mlaku alon-alon. Dheweke nahan beban abot ing gegere. Dene Hiho mlaku mlenggang seneng.

Nalika tekan kali sing jero, sang sudagar kepengin lerem sedhela. Sudagar mangan bontotane. Ora lali menehi suket kanggo keledai loro. Si sudagar emoh mbongkar-bongkar dagangane sing ana ing gegere keledaine. Oink ora isa istirahat sethithika.

Sawise ngaso sudagar lan keledaine nyabrangi kali nuju kutha. Nanging sudagar ora sadar yen banyu kalu nglarutake uyah sing digawa Oink. Bebane Oink sing maune aabot saiki luwih enteng. Dene sandhangan sing digawa Hiho dadi abot merga teles kena banyu kali.

Dalan sing diliwati isih adoh lan suwe. Beban abot ing gegere Hiho krasa. Nalika leren ing sawijining desa Pak Lipat malah adol uyahe kanthi rega murah. Mulane meh kabeh uyah payu kadol. Pak lipet sadar kanggo tekan kutha mesthi ngiwati kali maneh. Mulane sudagar cepet-cepet adol kabeh uyahe.

Saiku kita wis ngerti keledai ngendi sing nasibe malang/nyedhihake. Sandangan sing digawa Hiho ora arep kurang nganthi tekan kutha. Malah durung nganthi garing sandangan mau, wis kudu ngliwati kali maneh. Ah..... Hiho, keledai licik sing sengsara.***(Rusdi Ngarpan Suryapati)
BOCAH NGGAWA POT KEMBANG
dening Rusdi Ngarpan Suryapati

Ing jaman biyen, ana sawijining raja tuwa sing ora nduweni anak. Raja iku mikir, " Aku wis banget tuwa. Yen aku mati, sapa sing arep nggenteni aku dadi raja."
Sawise mikir suwe, Raja akhire entuk akal sing cemerlang. Raja ngumumake mring rakyate yen Raja arep milih sawijining anak. Anak iku arep didadekake putra mahkotane. Calon gantine raja.

Cara Raja milih calon raja nyatane gampang. Raja menehi siji winih kembang mring kabeh bocah ing negerine. Winih iku kudu ditandur. Kembange sapa sing paling apik uripe, bocah iku kang bakal kapilih dadi calon raja.

Ana sawijining anak kang jenenge Song Jin. Dheweke uga nggawa mulih siji winih kembang. Dheweke nandur ing njero pot kembang. Saben dina disirami wiji kuwi. Song Jin nduwe pengarep-arep, wiji kembang iku enggal urip lan ngethokake kembang sing endah rupa lan wernane.

Ananging dina-dina candhake ora ana siji wae winih kang urip ing njero pot kembang mau. Song Jin rumangsa bingung atine. Song Jin terus wae njupuk wiji ing pot kembang mau njur dipindah ing pot anyar. Wiji mau ditandur ing lemah lan pot sing anyar. Rong sasi candhake, tekan titi wancine Raja mbiji asil gaweyane bocah-bocah ing negerine. Nanging pot kembange Song Jin tetep wae kothong. Ora ana sing metu saka pot mau.

Dina iku, kabeh bocah ing negeri iku kumpul ing istana. Tangan-tangane bocah padha nggawa pot kembang. Ana sing isine kambang abanag, kuning, putih....Ah, kabeh endah.

Angel kanggo nemtokake kembange sapa sing paling endah. Raja mubeng nonton kembang-kembang sing endah mau. Ning aneg, rupane Raja njengkerut. Ora ana ucapan sing kawetu saka lathine Raja. Raja terus mlaku. Nanging, Raja kaget meruhi Song Jin kang mung nyekeli pot kembang kothong. Song Jin ndhingklukake sirahe. Dheweke kaya sedih banget.

Raja cepet nyedhaki Song Jin. "Nak, kenangapa kowe nyekeli pot kothong?"
Sanalika song Jin nangis lan ngomong, "Kula...Kula sampun nanem wiji kembang ing pot. Saben dinten kula sirami. Ananging wiji menika tetep kemawon mboten gesang. Pramila menika, kula....Kula namung saged mbekta pot kembang sarasan. Mboten wonten kembangipun."

Krungu kuwi Raja ngguyu seru banget. "Ha...ha...ha... Iki anak sing jujur lan cocok dadi raja. Kowe sing kepilih dadi calon raja."

Lho, apa sing wis dumadi? Nyatane kabeh wiji kembang sing dibagi dening Raja wis digoreng sadurunge. Mesthi wae isi kembang ora bisa urip apa maneh nganthi ngembang. Mulane Song Jin ora kasil nandur wiji kembang iku. Dene bocah-bocah liyane wis ora jujur merga wis nggenthi wiji kembang paringane Raja karo wiji kembang liyane.***(Rusdi Ngarpan Suryapati)
1. Kabeh keapikan iku diringkes ing njero telung ukara yaiku pandangan, meneng lan omong. Saben pandangan kang ora ngasilake pelajaran iku kelalaian akal. saben meneng kang ora ngandhut pikiran artine lengah/lena lan saben omongan kang ora nyeminake dzikir iku muspra. Senenga wong kang penglihatane nambah pelajaran, menenge ndhadhekake pikir lan omongane kancane dzikir. (Ali Bin Abi Thalib ra)

2. Wasiat Abdullah bin Sadad mring anake. Sepisan, anakku, aku wis ngrasakake kabeh nikmat nanging ora ana nikmat saka sifat murah ati ngapura kesalahane wong liya. Kapindho, aku wis ngrasakake paite urip sing ora ana kang pait ngluwihi saka nggantungake mring wong liya terus. Katelu, aku wis ngangkat wesi lan watu-watu abot, nanging ora ana sing luwih abot tinimbang mikul utang.(Abdullah bin Sadad)

3. Kesugihan sing paling dhuwur iku ana telu. Sepisan, sugihe ati ing njero resike saka sebab siap nampa ukuman lan resike saka memungsuhan. kapindho, sugihe jiwa yaiku istiqomahe jiwa saka sawijining perkara sing digethingi, keslametane saka bencana lan kesuciane saka riya utawa pamer. Katelune, kesugihan ing tingkatan iki nduweni telung kategori; saksi mring Asmane Allah ing njero dhiri pribadine; terus lan tansah nyermati kamahautamane Allah lan sukses kanthi anane Gusti Allah. Lan satemene kesugihan tingkatan katelu iki sabenere hakekat kesugihane ati. kaya sandane Rasulullah sugih kuwi ora merga sugihe bandha donya sing akeh, nanging sugih iku sugih ing ati. (Syaikul Islam Al Harawi)

4. Pawongan kang pinter dudu wong sing akeh ngelmune nanging wong kang nuruti ilmune lan ngamalake sarta nurut sunat-sunnah Nabi Muhammad saw nadyan sethithik pengetahuan utawa ilmune. (Ibrahim Al Khawwash)

5. Sapa wae kang nduweni ambisi kanggo nduweni pribadhi kang mulya lan drajat kang dhuwur, supaya dheweke ngapura kang nzalimi dheweke, menehi mring wong kang ora seneng menehi dheweke lan hubungake tali silahturahmi mring wong-wong kang medhot hubungan karo dheweke. (HR Hakim)
MEMBANGUN MALL DI AREAL PARKIR PANTAI KARTINI
Oleh Rusdi, S.Pd

Membaca berita di harian Suara Merdeka tanggal 4 November 2004 tentang areal parkir TRPK Pantai Kartini yang akan digunakan untuk membangun mall 4 lantai, tergerak hati ini untuk menuliskannya sebagai urun rembug. Ikut bicara walau mungkin tak pernah terdengar.

Pembangunan mall di Rembang yang notabene kota kabupaten adalah sebuah sisi baik bagi persaingan bisnis di bidang perdagangan. Namun, sudahkah sedemikian perlunya mall dibangun? Apakah lokasinya harus di areal parkir Pantai Kartini yang lokasinya dekat dengan laut dan jalannya padat? Bagaimana dengan tempat parkirnya?

Menjawab itu perlulah hati-hati. Pusat perbelanjaan sangat diperlukan di Rembang. Ini dilakukan demi menggeliatkan perekonomian warga Rembang. Sebagai kota kabupaten, Rembang belum memiliki pusat perbelanjaan. Dan keinginan untuk membuat mall 4 lantai itu merupakan hal yang menarik dan layak didukung pelaksanaannya.

Akan tetapi, mengapa lokasi yang dipilih adalah areal parkir Pantai Kartini? Ini disebabkan lokasi TRPK sangat strategis. Mudah bagi warga dari berbagai daerah menuju lokasi tersebut. akses kendaraan bisa 24 jam karena letaknya persis di sebelah jalan raya pantura. lagipula proses pembebasan tanahnya lebih mudah dan cepat. namun dari kelebihan itu ada hal yang mengganjal.

Pertama
, keberadaan mall di TRPK. Dengan adanya mall, lokasi hiburan akan terpusat di Pantai Kartini. Padahal, bangunan utama akan dipusatkan di sisi timur halaman parkir TRPK dan sebagian lokasi wisata (SM, 4/10). Hal ini perlu dipikirkan tempat parkir kendaraan. Di mana pengunjung TRPK dan mall akan memarkir kendaraannya? Apakah di jalan raya yang ramai? bukankah suatu pusat perbelanjaan dalam pembangunannya harus memikirkan lokasi parkir? Jika tidak dipikirkannya, jalan pantura akan sering macet total. Seperti saat sedekah laut yang biasa dipusatkan di TRPK Pantai Kartini.

Kedua, bagaimana nasib gedung tua dan perpustakaan daerah. Pantai Kartini adalah ikon daerah Kabupaten Rembang, dengan bangunan tua yang kini disulap jadi perpustakaan daerah. Bagaimana nasib bangunan tua tersebut? Akankah dirubuhkan dan diganti dengan mall 4 lantai? Bagaimana dengan perpustakaan daerah? Apakah akan dipindah lagi? Keberadaan perpustakaan di gedung tua di pantai Kartini cukup representatif. Selain lokasinya yang strategis, sering anak-anak se sekolah saat pulang berkunjung, membaca buku, koran bahkan berselancar di dunia maya karena tersedia internet gratis. Sayang kalau perpustakaan pindah. contoh saja, ketika perpustakaan di lokasi kantor bupati lama, jarang sekali ada pengunjungnya. Sekarang ketika banyak orang ke perpustakaan yang merupakan suatu kegembiraan bagi peningkatan minat baca, di depannya akan dibangun mall? Apakah akan ada orang ke perpustakaan?

Namun, kegembiraan itu akan hilang ketika di lokasi parkir Pantai Kartini dibangun mall.Selain itu pembangunan maall itu juga akan memberikan pengaruh negatif terhadap kinerja PNS. Mal itu terlalu dekat dengan bahkan besebelahan dengan Pemkab Rembang. Kami khawatir pembangunan mal itu justru akan memberikan pengaruh negatif terhadap kinerja pegawai, kata Maliki, ketua FPDIP Kabupaten Rembang (SM, 6/11)

Ketiga, pendirian bangunan seharusnya sekitar seratus meter dari garis pantai. Jika jadi mendirikan bangunan mal di areal parkir Pantai Kartini, maka terlalu dekat dengan garis pantai. Bukankah nanti merusak pemandangan? Juga bagaimana dengan buangan limbah apakah tidak mencemari lingkungan sekita yang notabene nelayan?

Mengantisipasi dampak buruk tersebut penulis memberikan saran sebagai berikut.
Pertama, seharusnya TRPK tetaplah seperti ini dengan parkir yang luas. Tempat itu tidak hanya untuk pengunjung TRPK tapi juga untuk pengunjung perpustakaan daerah. Bahkan bisa untuk pagelaran wayang atau hiburan lain. Apalagi di lokasi TRPK sudah ada kebun binatang mini, arena out bound juga ada kolam renangnya. Tidakkah sudah meningkatkan daya tarik tersendiri untuk pengunjung?

Kedua, pembangunan mal lebih baik menggunakan lahan terminal, alasannya, lokasinya strategis, daerah ramai, dekat alun-alun kota Rembang. Akses jalan sama mudah dengan areal parkir TRPK. Membangun mall di bekas terminal maka pusat keramaian tidak hanya terpusat di satu titik dalam hal ini Pantai Kartini. Ini diharapkan ikon Rembang tidak hanya TRPK tapi juga mall tersebut beserta alun-alunnya.

Ketiga, jika lokasi terminal menjadi mall maka terminal haruis dipindahkan. Terminal di pusat kota sudah hampir dikatakan tidak ada. Alasannya, selain pencemaran udara oleh asap kendaraan dan juga kebisingan suara. Lagi pula terminal tersebut juga terlalu kecil sehingga perlu dibuatlah terminal baru. Lokasinya bisa di sebelah timur Kota Rembang. Sehingga kebisingan dan asap kendaraan dalam kota berkurang. Ini untuk jangka panjang, dibuatlah jalur lingkar jika terminalnya jadi dipindah. Terminal lama untuk bangunan mal 4 lantai.

Dengan demikian Taman rekreasi Pantai Kartini tidak tergusur dan tetap lestari dengan bangunan tua dan lahan parkir untuk perpustakaan.Seemoga rencana pembangunan mall itu ditinjau kembali. Terima kasih.**Rusdi, SPd)

Kamis, 29 Oktober 2009

Umpama Aku Wong Walanda

UMPAMA AKU WONG WALANDA
ALS IK EENS NEDERLANDER WAS...
karya Suwardi Suryaningrat/ Ki Hajar Dewantara

Ana ing makalah-malakal ariwarti saiki akeh dipropagandakake gagasan kanggo nganakake sawijining pesta gedhe ing Hindia (Indonesia-pen); pesta seabad kamardikan negeri Walanda. Kanggo warga/penduduk ing wilayah-wilayah iki ora oleh diliwatke ngono wae yen ing sasi November mengko, ngepasi satus taun kepungkur, negeri Walanda dadi negara kerajaan lan salah sijine bangsa sing merdika najan ing kedudukan menika negeri kasebut dadi panggonan akir ing barisan negara-negara sing nduweni kuwasa.

Pancen dingeti saka sisih kang wajar, akeh perkara kang perlu dielingake ngenani pahargyan nasional mengkone, mulane nuduhake gedhene rasa trenane mring tanah wutah getihe ing panggonan leluhure tau nuduhake perilaku kepahlawane/kasatriyane. Pengetan iku arep nyiptaake kebak rasa kebangsaane ing atase kasiling bangsa Walanda ucul saka tindasane penjajah manca saabad kepungkur lan nggawe sawijining bangsa dhewe.

Aku kanthi gampang bisa nyelami rasa kasatriyane patriotismene Walanda sing ana ning awake saiki, dheweke sing bisa mahargya dina ulang taune. Merga aku uga sawijining patriot lan kaya wong Walanda kang alirane nasional murni sing tresna tanah wutah getihe, aku uga tresna tanah wutah getihku ngluwihi aku kang bisa tak ucapke.

Mendah senenge, mendah nikmate yen bisa mahargya kedadean nasional kang gedhe maknane. Aku pengin banget dadi wong Walanda, senajan mung kanggo sawetara, dudu wong Walanda Lembaga Negara Hindia Belanda(staatsblad-nederlander), nanging wong Walanda sing sabenere, anak negara Walanda Raya, bebas saka campuran getih liya. Mendah aku arep seneng-seneng, yeb dina kang diantu-antu ing sasi November sing arep teka iki, dina pesta kamardikan. Mendah aku arep sorak-sorak nonton gendera Walanda nganggo jumbai oranye ing dhuwure kanthi bebas. Aku uga arep nyanyi lagu Wilhemus (lagu kebangsaan bangsa Walanda-pen) lan Wien Nederlands bloed nganthi suaraku serak, yen mengko musik dimainake wong.

A
ku menawa arep ngrasa mongkog ing atase kabeh mlubare rasa iku; aku arep nyukuri mring Gusti Allah ing greja-greja Kristen ing atase keapikane, aku arep ngucapke panjaluk, ngucapke donga mring Tuhan ing Surya kanggo lestarine kekuasaane negeri Walanda, uga ing dhaerah-dhaerah jajahan/taklukan ini, supaya tetep bisa mertahanke kondange kanthi dukungane kekuasaan sing banget gedhene. Aku arep njaluk mring sekabehing wong Walanda ing Kepulauan Hindia iki dhuwit sumbangan, ora mung kanggo pesta wae, nanging uga kanggo rencana armada segara Colijn, sing tatag ing usahane mertahanake kamardikane Walanda, aku arep.... embuh apa maneh, aku ora ngerti apa sing isih arep daklakoni, umpama aku wong Walanda; merga tak kira aku wani nglakoni apa wae.

Ah, ora. Umpama aku wong Walanda, durung mesthi aku wani nglakoni apa wae. Pancen, aku nduwe pengarep-arep muga pesta dina kamardikan iku dianakake kanthi rame, nanging aku ora kepengin kaum pribumi ing daerah-daerah iki melu ing pahargyan dina ulang taune mau, arep dakpenging wong-wong melu seneng-seneng ing pahargyan-pahargyan iku, malah panggonan pesta mau kepengin dakpageri, kareben wong-wong pribumi ora bisa nonton sithik-sithika kasenengan sing pinunjul ing pahargyan dina kamardikan iku.

Katone kaya ora sopan, miturut rasane atiku, kaya-kaya wis ora nduweni rasa isin, bener-bener ora panthes, yen aku--aku isih tetep wong Walanda ing pangangen-angen-- kongkonan wong pribumi melu sorak-sorak ing pahargyan kamardikanku. Aku sepisanan nglarakake rasa harga dhirine/ kehormatane sing lanthip iku, merga aku ing tanah wutah getihe wong-wong mau sing dakjajah iki mahargya dina kamardikanku dhewe. Kitha saiki seneng-seneng amarga satus taun kepungkur awake dhewe uwal saka jajahan kekuasaane bangsa manca lan kabeh iku arep dilakoni ing ngarep matane wong-wong sing nganthi saprene isih ajeg dijajah awake dhewe. Apa ora apike mikirake, yen wong-wong mau kegencet banget ngarep-arep wektune kaya awake dhewe saiki arep bisa uga ngrayakake pesta kaya iki?! Apa bisa dikira-kira yen awake dhewe, sawise nglakokake politih njajah sing mateni jiwa nganthi pirang-pirang abad, wis mateni kabeh rasa ing njero jiwane nganthi entek? Yen ngono, awake dhewe sabenere arep kuciwa, merga bangsa-bangsa sing paling ora nduweni tata krama uga ngutuk sakebehing wujud penjajahan. Mulane, umpama aku iki wong Walanda aku ora arep nganakake pesta pahargyan kamardikan ing sawijining negeri sing rakyate wis dakrampas kamardikane.

Umpama kita ngetutake dalane pikiran iki kabeh, mula ora mung kuwi sing ora adil, nanging uga ora pantes yen njaluk kaum pribumi menehi sumbangane kanggo dana nglaksanakake pesta kuwi. Wis wong mau dihina, kanthi gagasan mahargya dina kamardikan Walanda nganggo pesta, saiki ditambah maneh kanthi nguras dompete nganthi gusis. Bener-bener ngina moral lan material.

Apa sing digayuh kanthi nganakake kabeg pesta iku ing kene, ing Hindia? Yen dimaksudake kanggo ubaling kasenengan, mula satemene ora bijak yen dianakake ing kene, ing sawijining negara kang dijajah. Wong-wong mau nglarakake atine rakyat negeri iki. Utawa wong-wong mau arep ndadekake tontonan megah cara politik! Yen bener ngono, laku politik mau bener-bener ora politis. Apa maneh ing wektu iki, ing mangsa rakyat Hindia lagi ndandani awak lan ana ing kahanan arep tangi ning isih rada ngantuk, sawijining kesalahan taktik kanggo menehi contho mring rakyat salah sijine tuladha kepriye wong-wong iki sawijining wektu kudu mahargya kamardikane. Yen mengkono rakyat digugah nepsune; kanthi ora sadar kekarepan kamardikane, angen-angen arep mardika ing dina candhake ditata. Ora njarak mring rakyat dibiwarakake:Tonton, hai wong-wong, kepriye aku mahargya dina kamardikanku; tresnani kamardikan merga bener-bener sawijining nikmate/kasenengane kangone wong mardika, babas saka kabeh penjajahan.

Y
en ing sasi November taun iki wis liwat wong Walanda sing njajah wis nglakoni sawijining laku politik sing kewanen. Resikone tanggung jawabe dhewe. Aku ora gelem mikul najan umpamane aku wong Walanda.

Umpama aku wong Walanda, ing wektu iki, aku arep mrotes gagasan pahargyan iki. Aku arep nulis ing kabeh ariwarti yen tindakan/ laku iku salah. Aku arep ngelingake padha kaum kolonialku, yen bahaya nganakake pesta kamardikan ing wektu iki, arep dakelingake kabeh wong Walanda supaya ora nglarakake atine rakyat Hindia iku--
lan ora ndadekake kurang ajar. Tenan, aku arep ngejokake protes kanthi kekuwatanku kabeh.

Ananging,.... aku dudu wong Walanda, aku mung sawijining anak negeri daerah panas iki, kulitku rupane coklat, sawijining pribumi ing daerah jajahane negeri Walanda. Mulane aku ora arep ngajokake protes.

Sebab, umpamane aku ngajokake protes, wong ora bakal nampa. Yen wis mengkono, aku arep ngina rakyat negeri Walanda sing mrentah ing negeriku iki lan aku arep ngadohake wong-wong mau saka awakku. Mengkono iku aku ora gelem, aku ora oleh nglakoni mengkono. Umpamane aku wong Walanda, apa aku ora gelem nglarakake atine rakyat kaum pribumi!

Apa maneh, mbok menawa wong-wong arep ngomong aku iki kurang ajar marang Sri Ratu sing dimulyakake lan arep dinyatakake dosa sing ora bisa dingapurake, merga aku mung kawulane kang kudu setya mring Slirane.

Mula saka kuwi aku ora ngajokake protes.
Malah suwalike, aku arep melu pesta. Yen mengkone dikon nyumbang, aku uga arep nyumbang senajan anggaran blanjaku kepeksa dakungkret dadi separo tinimbang biyasane. Kuwajibanku dadi inlander (wong pribumi) ing daerah jajahane negeri Walanda (Nederlandsche Kolonie) melu mahargya dina kamardikane negeri Walanda kanthi meriah. Aku arep ngajak kanca-kanca nunggal bangsa karo aku lan para kawula negara Walanda melu ing pesta iku, sebab najan pesta kuwi nduweni makna khusus kanggone wong-wong Walanda, nanging awake dhewe uga nduweni wektu/kesempatan kang apik kanggo nuduhake kasetyan lan padha rasane mring Nederland (negeri Walanda). Uga mengkone bisa nganakake demonstrasi setia hati. Mendah nikmate rasane atiku mengko. Aku arep ngucap syukur yen aku dudu wong Walanda.

Saiki, ayo disingkirake kabeh sindiran.
Kaya sing wis dakkandakake ing ngarep karangan iki pahargyan satus taun kamardikan negeri Walanda sing wis dikandhakake ing ngarep nuduhake kanthi geni kasetyan mring tanah wutah getihe wis akeh digedhekake swarane, saka pihake wong-wong Walanda. Mulane aku ora arep nduweni rasa cemburu sethithika mring kasenengan sing mubal-mubal kang arep dirasakake wong-wong kuwi sing dina pengetan kamardikan bangsane mengko. Ananging, sing paling nglarakake atiku lan sakabehing kanca-kanca nunggal bangsaku yaiku kanyatan, yen wong-wong pribumi meneh-maneh kudu melu mbayar kanggo kahanan sing ora ana sambunge mring kepentingane. Apa sing bisa diarep-arep saka pesta sing awake dhewe melu nganakake? Ora ana, sing akeh pengetan kanggo awak dhewe, yen kita dudu bangsa sing merdika lan yen Walanda ora arep menehake kedaulatan mring kita, sithik-sithika yen tuan Idenburg tetep dadi wali negara, lan --aneh banget-- pasinaon kang arep dadi oleh-olehe pesta kuwi; yen dadi kewajiban kanggone sakabehing wong kanggo mahargya dina kamardikane bangsane kanthi apik.

Mula saka kuwi aku luwih cedhak ing gagasan sing mburi-mburi iki kang sepisanan dibahas ing korane pribumo KAOEM MOEDA lan ing DE EXPRESS kanggo ngedegake sawijining panitia kaum pribumi sing sekolah/ terpelajar ing Bandung, papan nelakake gagasan kasebut lan papan ngadegke kantor pusat panitia kasebut. Badan iku ing dina pahargyan nasional Walanda arep ngirimake telegram ucapan selamat mring Ratu dikantheni panjaluk kang dhesek supaya pasal 111 RR (Regeerings Reglement - Peraturan pemerintah) diilangi lan sawijining Parlemen Hindia digawe.

Asile panjaluk mau--apa maneh ngenani bagian mburi-- luwih becik ora usah dipikirake; maknane saka laku iku dhewe wis ndadekake sawijining sing nduweni rega. Apa panjaluk kaya iku ora wis ngandut protes sing nyatakake sepisan, kita nganthi seprene ora nduweni hak kanggo ngomongake masalah politik, kanthi sanepa ora diwenehi kebebasan sing bab kasebut. Sawijining bangsa sing banget tresna kamardikane kaya rakyat ing negara Walanda kang saiki arep nganakake pahargyan kamardikane mesthi arep mbenerake panjaluk mau.

Kang ngenani gawe parlemen, ing kana katon cetha kepiye gedhene karep kanggo COUT QUE COUT (piye maneh) nduweni swara ing njero bagian iki. Iki pancen perlu banget. Ing kahanan gumregahing rakyat Hindia wis cukup mbuktekake yen emansipasi wis mlaku banget cepete, mesthine wong uga bisa ngetung kira-kira rakyat sing saiki dijajah ing mburine ngluwihi bendarane. Apa sing arep dumadi yen patang puluh yuta wong wis tangi tur njaluk tanggung jawabe mring satus wong kang nggawe DE TWEEDE KAMER kang dijenengi perwakilan rakyat iku? Apa wong-wong luwih seneng nyerah mbesuke yen wis keri, yen masalah wis dadi?

Dirungoke rada aneh yen panitia sing disebut ing ndhuwur njaluk sawijining parlemen. Kamangka pihak pamerintah, kanthi alon banget, arep nggawe sawijining perwakilan kolonial lan mbok menawa wae anggotane wae ya wong sing dipilih lan diangkat pamarintah dadi (apa sing dijenengi) utusan ing dewan-dewan daerah-- malah panitia kanthi gugup teka nggawa usul kang kondang, ora luwih lan ora kurang saka panjaluke parlemen.

Katone sing dituju panitia mung protes sing ditata ing panjaluk, kanggo sawetara wektu ora arep diwenehake lan ora ditujokake mring asile. Pancen aneh banget yen ing dina kamardikane, panitia iki mlaku nyedhak ngono wae mring ngarepe Ratu kanthi panjaluk supaya kekuwasaane/penjajahane dening negara Walanda marang rakyat sing jumlahe 40 yuta wong bisa diilangke.

Wis tontonen, saiki wis ana pengaruhe gagasan pahargyan kasebut.
Bener, saumpama aku iki wong Walanda, mulane aku ora arep gelem ngramekake pesta pahargyan kaya iku ing kene, ing sawijining negara kang dijajah. Wenehi dhisik rakyat sing ditindas mau kamardikane, lagi sabubare iku padha mahargya kamardikane dhewe.***

Cathetan: Pasal 111 RR (Regeerings reglement-peraturan pemerintah)
perkumpulan lan rapat kang sifate ketatanegaraan utawa sing ngancam ketertiban umum ing Hindia Belanda, dilarang lan menehi wewenang mring eksekutif kanggo nindhak kang dianggep nglanggar aturan. Pramila, kanggo rapat-rapat kang wis sah uga kudu oleh izin saka pemerintah.

Diterjemahake dening Rusdi Ngarpan Suryapati saka bahasa Indonesia ing buku Belenggu Ganas, editor Pitut Soeharto lan Drs. A. Zaenoel Ihsan, penerbit Aksara Jayasakti, Jakarta 1982.
Sumber: Als Ik Eens Nederlander Was ..... RM Soewardi Soerjaningrat (Comite Boemi Poetra) Onze Verbaning, Uitgave De Indier 1913 hal. 67.