UMPAMA AKU WONG WALANDA
ALS IK EENS NEDERLANDER WAS...
karya Suwardi Suryaningrat/ Ki Hajar Dewantara
Ana ing makalah-malakal ariwarti saiki akeh dipropagandakake gagasan kanggo nganakake sawijining pesta gedhe ing Hindia (Indonesia-pen); pesta seabad kamardikan negeri Walanda. Kanggo warga/penduduk ing wilayah-wilayah iki ora oleh diliwatke ngono wae yen ing sasi November mengko, ngepasi satus taun kepungkur, negeri Walanda dadi negara kerajaan lan salah sijine bangsa sing merdika najan ing kedudukan menika negeri kasebut dadi panggonan akir ing barisan negara-negara sing nduweni kuwasa.
Pancen dingeti saka sisih kang wajar, akeh perkara kang perlu dielingake ngenani pahargyan nasional mengkone, mulane nuduhake gedhene rasa trenane mring tanah wutah getihe ing panggonan leluhure tau nuduhake perilaku kepahlawane/kasatriyane. Pengetan iku arep nyiptaake kebak rasa kebangsaane ing atase kasiling bangsa Walanda ucul saka tindasane penjajah manca saabad kepungkur lan nggawe sawijining bangsa dhewe.
Aku kanthi gampang bisa nyelami rasa kasatriyane patriotismene Walanda sing ana ning awake saiki, dheweke sing bisa mahargya dina ulang taune. Merga aku uga sawijining patriot lan kaya wong Walanda kang alirane nasional murni sing tresna tanah wutah getihe, aku uga tresna tanah wutah getihku ngluwihi aku kang bisa tak ucapke.
Mendah senenge, mendah nikmate yen bisa mahargya kedadean nasional kang gedhe maknane. Aku pengin banget dadi wong Walanda, senajan mung kanggo sawetara, dudu wong Walanda Lembaga Negara Hindia Belanda(staatsblad-nederlander), nanging wong Walanda sing sabenere, anak negara Walanda Raya, bebas saka campuran getih liya. Mendah aku arep seneng-seneng, yeb dina kang diantu-antu ing sasi November sing arep teka iki, dina pesta kamardikan. Mendah aku arep sorak-sorak nonton gendera Walanda nganggo jumbai oranye ing dhuwure kanthi bebas. Aku uga arep nyanyi lagu Wilhemus (lagu kebangsaan bangsa Walanda-pen) lan Wien Nederlands bloed nganthi suaraku serak, yen mengko musik dimainake wong.
Aku menawa arep ngrasa mongkog ing atase kabeh mlubare rasa iku; aku arep nyukuri mring Gusti Allah ing greja-greja Kristen ing atase keapikane, aku arep ngucapke panjaluk, ngucapke donga mring Tuhan ing Surya kanggo lestarine kekuasaane negeri Walanda, uga ing dhaerah-dhaerah jajahan/taklukan ini, supaya tetep bisa mertahanke kondange kanthi dukungane kekuasaan sing banget gedhene. Aku arep njaluk mring sekabehing wong Walanda ing Kepulauan Hindia iki dhuwit sumbangan, ora mung kanggo pesta wae, nanging uga kanggo rencana armada segara Colijn, sing tatag ing usahane mertahanake kamardikane Walanda, aku arep.... embuh apa maneh, aku ora ngerti apa sing isih arep daklakoni, umpama aku wong Walanda; merga tak kira aku wani nglakoni apa wae.
Ah, ora. Umpama aku wong Walanda, durung mesthi aku wani nglakoni apa wae. Pancen, aku nduwe pengarep-arep muga pesta dina kamardikan iku dianakake kanthi rame, nanging aku ora kepengin kaum pribumi ing daerah-daerah iki melu ing pahargyan dina ulang taune mau, arep dakpenging wong-wong melu seneng-seneng ing pahargyan-pahargyan iku, malah panggonan pesta mau kepengin dakpageri, kareben wong-wong pribumi ora bisa nonton sithik-sithika kasenengan sing pinunjul ing pahargyan dina kamardikan iku.
Katone kaya ora sopan, miturut rasane atiku, kaya-kaya wis ora nduweni rasa isin, bener-bener ora panthes, yen aku--aku isih tetep wong Walanda ing pangangen-angen-- kongkonan wong pribumi melu sorak-sorak ing pahargyan kamardikanku. Aku sepisanan nglarakake rasa harga dhirine/ kehormatane sing lanthip iku, merga aku ing tanah wutah getihe wong-wong mau sing dakjajah iki mahargya dina kamardikanku dhewe. Kitha saiki seneng-seneng amarga satus taun kepungkur awake dhewe uwal saka jajahan kekuasaane bangsa manca lan kabeh iku arep dilakoni ing ngarep matane wong-wong sing nganthi saprene isih ajeg dijajah awake dhewe. Apa ora apike mikirake, yen wong-wong mau kegencet banget ngarep-arep wektune kaya awake dhewe saiki arep bisa uga ngrayakake pesta kaya iki?! Apa bisa dikira-kira yen awake dhewe, sawise nglakokake politih njajah sing mateni jiwa nganthi pirang-pirang abad, wis mateni kabeh rasa ing njero jiwane nganthi entek? Yen ngono, awake dhewe sabenere arep kuciwa, merga bangsa-bangsa sing paling ora nduweni tata krama uga ngutuk sakebehing wujud penjajahan. Mulane, umpama aku iki wong Walanda aku ora arep nganakake pesta pahargyan kamardikan ing sawijining negeri sing rakyate wis dakrampas kamardikane.
Umpama kita ngetutake dalane pikiran iki kabeh, mula ora mung kuwi sing ora adil, nanging uga ora pantes yen njaluk kaum pribumi menehi sumbangane kanggo dana nglaksanakake pesta kuwi. Wis wong mau dihina, kanthi gagasan mahargya dina kamardikan Walanda nganggo pesta, saiki ditambah maneh kanthi nguras dompete nganthi gusis. Bener-bener ngina moral lan material.
Apa sing digayuh kanthi nganakake kabeg pesta iku ing kene, ing Hindia? Yen dimaksudake kanggo ubaling kasenengan, mula satemene ora bijak yen dianakake ing kene, ing sawijining negara kang dijajah. Wong-wong mau nglarakake atine rakyat negeri iki. Utawa wong-wong mau arep ndadekake tontonan megah cara politik! Yen bener ngono, laku politik mau bener-bener ora politis. Apa maneh ing wektu iki, ing mangsa rakyat Hindia lagi ndandani awak lan ana ing kahanan arep tangi ning isih rada ngantuk, sawijining kesalahan taktik kanggo menehi contho mring rakyat salah sijine tuladha kepriye wong-wong iki sawijining wektu kudu mahargya kamardikane. Yen mengkono rakyat digugah nepsune; kanthi ora sadar kekarepan kamardikane, angen-angen arep mardika ing dina candhake ditata. Ora njarak mring rakyat dibiwarakake:Tonton, hai wong-wong, kepriye aku mahargya dina kamardikanku; tresnani kamardikan merga bener-bener sawijining nikmate/kasenengane kangone wong mardika, babas saka kabeh penjajahan.
Yen ing sasi November taun iki wis liwat wong Walanda sing njajah wis nglakoni sawijining laku politik sing kewanen. Resikone tanggung jawabe dhewe. Aku ora gelem mikul najan umpamane aku wong Walanda.
Umpama aku wong Walanda, ing wektu iki, aku arep mrotes gagasan pahargyan iki. Aku arep nulis ing kabeh ariwarti yen tindakan/ laku iku salah. Aku arep ngelingake padha kaum kolonialku, yen bahaya nganakake pesta kamardikan ing wektu iki, arep dakelingake kabeh wong Walanda supaya ora nglarakake atine rakyat Hindia iku--
lan ora ndadekake kurang ajar. Tenan, aku arep ngejokake protes kanthi kekuwatanku kabeh.
Ananging,.... aku dudu wong Walanda, aku mung sawijining anak negeri daerah panas iki, kulitku rupane coklat, sawijining pribumi ing daerah jajahane negeri Walanda. Mulane aku ora arep ngajokake protes.
Sebab, umpamane aku ngajokake protes, wong ora bakal nampa. Yen wis mengkono, aku arep ngina rakyat negeri Walanda sing mrentah ing negeriku iki lan aku arep ngadohake wong-wong mau saka awakku. Mengkono iku aku ora gelem, aku ora oleh nglakoni mengkono. Umpamane aku wong Walanda, apa aku ora gelem nglarakake atine rakyat kaum pribumi!
Apa maneh, mbok menawa wong-wong arep ngomong aku iki kurang ajar marang Sri Ratu sing dimulyakake lan arep dinyatakake dosa sing ora bisa dingapurake, merga aku mung kawulane kang kudu setya mring Slirane.
Mula saka kuwi aku ora ngajokake protes.
Malah suwalike, aku arep melu pesta. Yen mengkone dikon nyumbang, aku uga arep nyumbang senajan anggaran blanjaku kepeksa dakungkret dadi separo tinimbang biyasane. Kuwajibanku dadi inlander (wong pribumi) ing daerah jajahane negeri Walanda (Nederlandsche Kolonie) melu mahargya dina kamardikane negeri Walanda kanthi meriah. Aku arep ngajak kanca-kanca nunggal bangsa karo aku lan para kawula negara Walanda melu ing pesta iku, sebab najan pesta kuwi nduweni makna khusus kanggone wong-wong Walanda, nanging awake dhewe uga nduweni wektu/kesempatan kang apik kanggo nuduhake kasetyan lan padha rasane mring Nederland (negeri Walanda). Uga mengkone bisa nganakake demonstrasi setia hati. Mendah nikmate rasane atiku mengko. Aku arep ngucap syukur yen aku dudu wong Walanda.
Saiki, ayo disingkirake kabeh sindiran.
Kaya sing wis dakkandakake ing ngarep karangan iki pahargyan satus taun kamardikan negeri Walanda sing wis dikandhakake ing ngarep nuduhake kanthi geni kasetyan mring tanah wutah getihe wis akeh digedhekake swarane, saka pihake wong-wong Walanda. Mulane aku ora arep nduweni rasa cemburu sethithika mring kasenengan sing mubal-mubal kang arep dirasakake wong-wong kuwi sing dina pengetan kamardikan bangsane mengko. Ananging, sing paling nglarakake atiku lan sakabehing kanca-kanca nunggal bangsaku yaiku kanyatan, yen wong-wong pribumi meneh-maneh kudu melu mbayar kanggo kahanan sing ora ana sambunge mring kepentingane. Apa sing bisa diarep-arep saka pesta sing awake dhewe melu nganakake? Ora ana, sing akeh pengetan kanggo awak dhewe, yen kita dudu bangsa sing merdika lan yen Walanda ora arep menehake kedaulatan mring kita, sithik-sithika yen tuan Idenburg tetep dadi wali negara, lan --aneh banget-- pasinaon kang arep dadi oleh-olehe pesta kuwi; yen dadi kewajiban kanggone sakabehing wong kanggo mahargya dina kamardikane bangsane kanthi apik.
Mula saka kuwi aku luwih cedhak ing gagasan sing mburi-mburi iki kang sepisanan dibahas ing korane pribumo KAOEM MOEDA lan ing DE EXPRESS kanggo ngedegake sawijining panitia kaum pribumi sing sekolah/ terpelajar ing Bandung, papan nelakake gagasan kasebut lan papan ngadegke kantor pusat panitia kasebut. Badan iku ing dina pahargyan nasional Walanda arep ngirimake telegram ucapan selamat mring Ratu dikantheni panjaluk kang dhesek supaya pasal 111 RR (Regeerings Reglement - Peraturan pemerintah) diilangi lan sawijining Parlemen Hindia digawe.
Asile panjaluk mau--apa maneh ngenani bagian mburi-- luwih becik ora usah dipikirake; maknane saka laku iku dhewe wis ndadekake sawijining sing nduweni rega. Apa panjaluk kaya iku ora wis ngandut protes sing nyatakake sepisan, kita nganthi seprene ora nduweni hak kanggo ngomongake masalah politik, kanthi sanepa ora diwenehi kebebasan sing bab kasebut. Sawijining bangsa sing banget tresna kamardikane kaya rakyat ing negara Walanda kang saiki arep nganakake pahargyan kamardikane mesthi arep mbenerake panjaluk mau.
Kang ngenani gawe parlemen, ing kana katon cetha kepiye gedhene karep kanggo COUT QUE COUT (piye maneh) nduweni swara ing njero bagian iki. Iki pancen perlu banget. Ing kahanan gumregahing rakyat Hindia wis cukup mbuktekake yen emansipasi wis mlaku banget cepete, mesthine wong uga bisa ngetung kira-kira rakyat sing saiki dijajah ing mburine ngluwihi bendarane. Apa sing arep dumadi yen patang puluh yuta wong wis tangi tur njaluk tanggung jawabe mring satus wong kang nggawe DE TWEEDE KAMER kang dijenengi perwakilan rakyat iku? Apa wong-wong luwih seneng nyerah mbesuke yen wis keri, yen masalah wis dadi?
Dirungoke rada aneh yen panitia sing disebut ing ndhuwur njaluk sawijining parlemen. Kamangka pihak pamerintah, kanthi alon banget, arep nggawe sawijining perwakilan kolonial lan mbok menawa wae anggotane wae ya wong sing dipilih lan diangkat pamarintah dadi (apa sing dijenengi) utusan ing dewan-dewan daerah-- malah panitia kanthi gugup teka nggawa usul kang kondang, ora luwih lan ora kurang saka panjaluke parlemen.
Katone sing dituju panitia mung protes sing ditata ing panjaluk, kanggo sawetara wektu ora arep diwenehake lan ora ditujokake mring asile. Pancen aneh banget yen ing dina kamardikane, panitia iki mlaku nyedhak ngono wae mring ngarepe Ratu kanthi panjaluk supaya kekuwasaane/penjajahane dening negara Walanda marang rakyat sing jumlahe 40 yuta wong bisa diilangke.
Wis tontonen, saiki wis ana pengaruhe gagasan pahargyan kasebut.
Bener, saumpama aku iki wong Walanda, mulane aku ora arep gelem ngramekake pesta pahargyan kaya iku ing kene, ing sawijining negara kang dijajah. Wenehi dhisik rakyat sing ditindas mau kamardikane, lagi sabubare iku padha mahargya kamardikane dhewe.***
Cathetan: Pasal 111 RR (Regeerings reglement-peraturan pemerintah)
perkumpulan lan rapat kang sifate ketatanegaraan utawa sing ngancam ketertiban umum ing Hindia Belanda, dilarang lan menehi wewenang mring eksekutif kanggo nindhak kang dianggep nglanggar aturan. Pramila, kanggo rapat-rapat kang wis sah uga kudu oleh izin saka pemerintah.
Diterjemahake dening Rusdi Ngarpan Suryapati saka bahasa Indonesia ing buku Belenggu Ganas, editor Pitut Soeharto lan Drs. A. Zaenoel Ihsan, penerbit Aksara Jayasakti, Jakarta 1982.
Sumber: Als Ik Eens Nederlander Was ..... RM Soewardi Soerjaningrat (Comite Boemi Poetra) Onze Verbaning, Uitgave De Indier 1913 hal. 67.